PADANG BULAN

Padang bulan, padange koyo rino… rembulane sing awe-awe…

Ngelengake, ojo turu sore

Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore

Lamun wong tuwo, lamun wong tuwo… keliru mimpinne…

Alamat bakal, alamat bakal… alamat bakal getun mburine…

Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran…

Anak putune, rame-rame rebutan warisan…

Anak putune rame-rame rebutan warisan…

Wong tuwo loro, ing njero kubur anyandhang susah...

Sebab mirsani, putro putrine ora ibadah...

Wong tuwo loro, ing njero kubur anyandhang susah...

Sebab mirsani, putro putrine do pecah belah...

Kang den arep-arep yoiku temurune rohmah...

Jebul kang teko, jebul kang teko nambahi fitnah...

Allahumma sholli wa sallim ‘aala… sayyidina wa maulana Muhammadin…

Adadama bi'ilmillahi sholatan… daimatan bidawami mulkillahi…

Sholatan daimatan bidawami mulkillahi…

Padang bulan, padange koyo rino… rembulane eee sing awe-awe…

Ngelengake, ojo podo turu sore… kene tak critani kanggo sebo mengko sore…

O… Jaman kepungkur, ono jaman jaman puntutan.. Esok esok, luru ramalan…

Gambar kucing, dikira gambar macan… bengi diputer…, metu wong edan…

Kurang puas, luru ramalan… Wong ora waras…, dadi takonan..

Kang ditakoni, ngguyu-ngguyu cekaka'an… Jebul kang takon, wis ketularan…

Lamunane, oleh jutaan…, khayalane tekan awang-awang…

Nganti nglindure bungah jogetan… ora sadar, tibo nek ranjang...

Allahumma sholli wa sallim ‘aala… sayyidina wa maulana Muhammadin…

Allahumma sholli wa sallim ‘aala… sayyidina wa maulana Muhammadin…

Adadama bi'ilmillahi sholatan… daimatan bidawami mulkillahi…

Sholatan daimatan bidawami mulkillahi…

0 Response to "PADANG BULAN"

Posting Komentar